Sak plok’e pindhah seko ndeso nyang kutho, Mukidi rejekine lancar. Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.
Markonah : “Pak awak’e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur ..!!”,
Mukidi : “Larang..!! ora sah ae..!!”,
Markonah: “Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak…!!”
Ora sepiro suwe Mukidi karo Markonah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Suroso sang pilot. Cocok soal bayarane carter pesawat Heli,
Suroso: “Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!”, Suroso njelaske syarate.
Mukidi : “Cocok pak..!! gelem aku..!!”,
Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Suroso mulai ngeburke pesawat Heli ne.Bareng wis mabur Suroso mulai gawe manuver, pesawate di enggok2ke ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir balik barang. Kiro kiro sak jam heli wis mendarat..
Karo ngguya ngguyu Suroso marani Mukidi.
Suroso : “Wah Pak Mukidiiiii pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!”,
Mukidi : “Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juto”,
Suroso: “Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?”,
Mukidi: “Bojoku tibo Pak…!!”
Suroso : Jangkrik$%$#
