cerita lucu mukidi : gorengan kadaluarsa ( khusus yang ngerti bahasa jawa )

Khusus sing ngerti boso jowo..... :
Mukidi : "Yu, aku tuku gorengane.. ..
Sumira : Sing endi, kang?
Mukidi : "Lho.... Onok pirang macem, Yu?
Sumira : "Sing iki pisang goreng rong ewu telu,Mendoan rong ewu papat,Tahu goreng rong ewu lima, kang!Sampean arep tuku sing endi kang.?
Mukidi : "Walah... Gorengan wis kadaluwarsa kabehIku yuk, kok sik didol ae..
Sumira : "Èh.... , sampean nek ngomong sing enak po...Jajal deloken dhisik, sik anyar iki nembe takentas teko wajan kok ngomong kadaluwarsa?Sampean ojok ngawur loh ngomonge.
Mukidi : "Lho..., lah sampean dewe tah sing omong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004,tahu goreng 2005....Lha sak iki wis taun 2017 Yu...opo ga wis kedaluwarsa iku ??!
Sumira : Walah,.... jan kakean omong. Cangkemmu tak goreng sisan engko tak dolrong ewu pitulas...!!